Dandang Gulo
Ngumandange radio swadesi
Ing kutho demangan
Kitamtoko dalane,
Ing jambidan dedunung
Banguntapan kang sayekti
Ing Bantul tansah mulat
Swadesi satuhu
Semboyane tansah maton
Mikir wargo kang lagi nandhang prihatin
Ayo podho rungokno
( Tembang diatas merupakan ID Stasiun radio Swadesi 107.9 FM, kami rekam. kami putar setiap saat. hasil karya dan Kidungan suara Mbak Anis, seorang Guru SD, rumahnya di dusun Joho )
MIJIL
Ngumandange radio swadesi
Neng Demangan manggon
Ing jalan ki tamtoko sangane
Kalurahan Jambidan puniki
]banguntapan yekti
Kabupaten Bantul
Gelombange satung pitu nenggih koma sanga yektos
Nomer telpon ojo nganti lali mangke
Pitu siji enol kalih nuli…..
Dene ingkang keri siji telu wolu
Koncoprihatin, terus lahir batin
Semboyan kang sa kangmaton
Tansah mikirke kebutuhane, ing kang podho nandang prihatin
Pamrihe basuki, Ayo disengkuyung
( Tembang diatas merupakan ID Stasiun radio Swadesi 107.9 FM, kami rekam. kami putar setiap saat. hasil karya Ki Lemah Mulyo ( Bp. Kismo Subagyo )dan Kidungan suara Ki Pawiro, seorang warga biasa, rumahnya di dusun Kretek kidul )